Site announcements

BOCAH ANGON

BOCAH ANGON

oleh System Administrator -
Jumlah balasan: 0

BOCAH ANGON
Dening : Trisnatun Abuyafi Ranaatmaja

Udane deres. Sepi. Inyong dadi kelingan jaman cilik ning pangonan sawah pinggir kali.Kelingan wedus, kebo, sapi, bebek, kalkun sing dingon kanca-kanca. Kelingan jaman semono senajan angon kuwe pegawean ningen dudu beban. Malah dadi hiburan, kegiatan sing apik, positip, uga mendidik. Desambi gawe layangan, kitiran, logentho (suling bahane dami) utawa gawe bal sing bahane seanane. Bal-balan ning plataran kali, ngger kesel ya terus adus ning kedhung. Tilem-tileman karo kanca kuwe kaya uji ketangkasan, udu kaya sekiye arane bullying. Bar glagepan ya ngakak ngguyu bareng. Sewise kesuhan sedela karo nangis akur dolan bareng maning. Inyong dadi pengin takon maring rika. Rika dong cilik tau angon apa ora? Angon apa? Wedus ,bebek, kalkun, kebo, jaran apa sapi? Rika dong cilik tau ngarit apa ora? Bungah apa ora uripe rika ganu?

Seliyane dingon ning sawah, ingon-ingon kudu diempani ning kandhang. Empane biasane suket, dadineng kudu ngarit. Wadah suket arane gondhek utawa raga. Wujude anaman pring arang-arang sing rupane kaya kranjang. Lobange gede-gede. Biasane serancak dipikul nek nggo wadah suket. Alat wadah banyu nggo ngangsu tah jenenge buyung bahane lemah, ana uga bumbung pring petung sing di totos rose nggo ngangsu arane lodhong .
Wadah banyu liyane ember, bahane bisa seng utawa plastik. Tekan sekiye ya ember tah esih akeh. Raga, gondhek, buyung, lodhong tah kayane wis dadi barang langka. Angel goletane.
Nah, inyong kelingan welinge wong tuwa, nalika ngiseni wadah apa bae kudu ngati-ati, ora kena kemrungsung. Ora kena sekarepe dewek, kabeh ana aturane. Nganggo perkakas nek ora bener carane ya ora apik akibate.

Umpama sing diwadahi belet kenthel bahan gendheng ya aja nganti mbludak. Umpama sing diisi wujude buyung,lodhong utawa ember ya aja nganti luber. Sebab angger banyu luber kuwe,lamona dipaksa kon nyangking ya banyune mewer-mewer. Wadahe wis ora muat, ora apik diiseni nglewihi ukuran. Beda karo raga utawa gondhek pengaritan. Wadah suket tah esih bisa diumpang-umpangi pinggirane. Ngarit suket nggo sapi tah biasa ana umpang-umpange. Umpang-umpang kuwe supaya sukete lewih akeh nggo empan kebo utawa sapi. Biasane dipilih suket sing dawa, nom, ijo seger. Suket sing deumpang-umpangi pancen biasane dinggo pakan sapi, kebo utawa jaran. Nek wedus tah ora nganggo umpang-umpang.
Nek raga/gondhek wis di tetel nganti ana umpang-umpange, basan dipikul katon apik , mbyak -mbyak kaya rambut prawan kanginan. Sing ndeleng bungah senajan sing mikul megap-megap kaboten.
Hehe, inyong pengin takon maning. Rika tau ngarit apa ora dong cilik? Ngingu apa gemiyen? Inyong tah pas cilik ngingu wedus. Weduse pucul, ireng wulune, anake loro lanang kabeh. Apik, lucu, nyenengi. Kadang tek angon ning sawah.
Jaman ngarit nggolet suket nggo empan wedus , inyong de warahi ding Bapane karo Kakine. Wadah diisi secukupe aja di tetel kebeken. Apamaning sukete di paksa mlebu wadah nganggo cara di jojoh gagang arit. Suket sing nom seger nana dadi lodoh, weduse ora doyan mangan. Gering ora bisa lemu. Seliyane kuwe sing nggawa uga kaboten,kedereng bisa kecethit awake. Kewan sing diingu ya ora lemu, sing ngingu bisa mriang. Cekake, srakah kuwe ora apik senajan mung bab madahi suket empan kewan. Wedus sing ora lisig ora demagang. Sebabe bisa merga goli ngarit srakah, ditetel nganti sukete uyel-uyelan pada lonyod. Si wedus ora doyan suket sing tukang ngarite srakah. Hehe, inyong pengin takon maning. Rika dong cilik tau ngarit apa ora?

Bocah milenial tah mesti bae ora ngerti ngarit suket. Ora ngerti carane ngrumat ingon-ingon. Generasi sing seumuran inyong tah kayane esih akeh sing ngerti lan ngrasakna ngarit, angon, duwe ingon-ingon. Jebule ngarit bae ana ilmune. Ngrumat ingon-ingon ya ana ilmune. Kudu tanggungjawab, tlaten lan tresna maring kewan sing diingu. Ora kena sekepenake apamaning klalen ora ngempani. Sing inyong kemutan nganti seprene, nyediani empan kewan bae ora kena srakah. Srakah kuwe laku sing ora apik. Meksa maring kahanan, ibarate ora ngukur karo wayangane dewek. Ngurus empan kewan bae ora apik srakah,apamaning srakah nggo awake dewek. Wadah empan ora apik di tetel sesek busek. Sukete dadi rusak ora enak kanggone si wedus. Srawung karo kewan bae ana tatanane apamaning maring sepada-pada menungsa. Inyong jebul tau kon sinau bareng wedus.Hehe inyong dadi pengin takon maning. Rika tau angon apa ora dong esih cilik? Angon wedus, sapi, kebo apa jaran?

Sebab inyong ngingune wedus, inyong ora ngerti ilmune ngingu kebo, jaran utawa sapi. Kewan gede cara ngingune mesti beda karo kewan cilik. Inyong ora bisa crita. Kelingane pas angon ning sawah pinggir kali Tajum bareng-bareng kanca batir kuwe betah. Guyub rukun dolan bareng. Kewan sing dingon wedus, kebo, sapi malah ana uga sing angon bebek lan ayam kalkun. Kabeh bocah ngurusi kewane dewek desambi ngunda layangan. Kebo lanang sok pada tarung. Medeni ngger tarung. Wedus bandhot ya sok tarung. Sapi tah ora pada tarung karo sapi. Ningen ana sapi sing sok galak maring wong sing udu pangone. Gelem nyrudug utawa nyrowok (nyakot cara sapi). Sapi lanang sing galak kudu di keluh congore, dilubangi dibruki dadung. Inyong kemutan kanca bubar kabeh sebab ana sapi ngamuk apa bae disruduk.

Inyong duwe Pak Guru SD. Asmane Pak Guru Kasirun. Pak Guru ngajari nembang lan paring pengerten teges, makna lan filsafate tembang mau. Inyong ngertine ya bareng sekiye wis tua. Ganu dong cilik ya ora mudheng. Filsafate ora arep tek crita. Cakepan tembange tah esih apal, kaya kiye :

Cah angon, cah angon penekna blimbing kuwi / lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodotira / dodotira kumitir bedhah ing pinggir / domana jlumatana kanggo seba mengko sore....

Kelingan tembangan kuwe, Inyong dadi kelingan kabeh cerita lawas nalika esih bocah. Kanca batire inyong sing gemiyen angon bareng sekiye uripe semebar ngendi bae. Ana sing ning luar negeri. Ana sing ning luar jawa. Salah sijune kanca ning luar jawa wis olih kanugrahan dadi pangon masyarakat. Ampuh lah uripe. Cekake dadi wong sukses, pangonane sekiye akeh tur jembar. Tanggungjawabe pancen wis dilatih kawit cilik mula. Angone gemiyen angon sapi. Sapine 6 nggaduh kagungane Mbah Sentika. Sapi lanange sing wernane abang,jere sapi madura, galak. Sok nggo ledekan kanca batir. Aran kancane inyong kuwe Kuswanto. Inyong ngundange Kang Kuswan, kadang Kang Wanto. Esih kepetung anake uwa dadi inyong mernahe kakang senajan umure pada. Deweke tamat sekolah SMP melu program transmigrasi maring Slebes. Sugih sapi temenan saikine. Malah jere wis dadi wong kopama, juragan sugih kondhang keceluk lan dadi penggede ning Slebes kana.

Jaman wis maju teknologine. Inyong bisa WA nan karo kang Kuswan. Crita ne Pak Guru Kasirun gemiyen tek critakna maning maring Kang Kuswan. Terus inyong takon, "Kang, sekiye rika kang wis dadi pangon temenanan. Juragan sapi sugih lan pejabat kondang. Umpama Pak Guru Kasirun ndangu Rika, babagan filsafate cah angon nganggo tembang kuwe ,
apa jawabane rika sing lagi ngawaki dadi bocah angon jaman sekiye ??? :
Ndean tah guyon, tapi jawaban WA ne Kang Kuswan alias Kang Wanto tek waca kaya kiye onine :

Dodotku saiki tek kumbah nganggo detergen ora peduli tidak ramah lingkungan. Bagian sing kumitir bedah pinggir wis tek buwang aku tuku dodot anyar sing lewih mewah. Duite utang karo juragan anu. Nek ra bisa nyaur, pangonanku tek dol selahan pangonane sisan. Mumpung aku lagi dadi cah angon.
Urusan seba mengko sore ra sah dipikir. Sing tak nggo sekiye aji mumpung...Hahaha

Inyong maca ning ati krasa madan ora sreg karo jawabane Kang Kuswanto. Ningen inyong bisane mung mesem dewek maca WA sing Slebes. Angen-angene inyong temlawung adoh kelingan kanca batir angon dong esih cilik. Kelingan sapi lanang abang asal madura duweke Kang Kuswan sing galak. Gelem ngudag lan nyruduk. Sapi pancen kaya kuwe kelakuane.

Sebab kawit cilik wis latihan abot ngurusi sapi galak, Kang Kuswan sekiye dadi sugih sapi ning Slebes lan dadi pangon sing kopama. Sugih mbanduara tur dadi pejabat sing pangonane amba. Inyong melu seneng, bungah lan syukur Alhamdulillah. Inyong mung bisa ndonga moga-moga asline Kang Kuswan esih eling lan mundhi piwelinge Pak Guru Kasirun. Supaya bisa dadi pangon sing apik ,tanggungjawab lan tresna maring sing di angon. Udu pangon sing lirwa lan lena,kelalen purwa duksina.
Lan ... inyong kaget campur sedih. Esuk uput uput inyong mbuka HP, maca WA kirimane Kang Kuswan, onine :

Dek,tulung dongakna inyong sekeluarga bisa waras sehat maning.Bar guyon wingi kae inyong ana undangan rapat maring kota Propinsi. Balik rapat inyong sekeluarga mriang. Tes swab hasile kabeh positip kena covid. Inyong dewek nganti sesek napas, cengep cengep. Kabeh sing tek duweni kayong ora kanggo nggawe basan inyong sesek napas arep mati tah. 

Hehehe.. jebul dadi pangon ora entheng sanggane.

Inyong mung bisa meneng. Mata krasa mbrebeng. Ana banyu anget rembes ning pipi. Muga-muga Kang Kuswan sekeluarga diparingi sehat waras maning. Bisa nglakoni tugas dadi pangon sing bener. Senajan angon sapi pancen ora gampang. Wis kelakuane sapi sok gemruduk apa bae di sruduk.

Ajibarang, 30 Juni 2021